Headlines News :
Home » , , , » Unggah-Ungguhing Basa

Unggah-Ungguhing Basa

Written By Paknetyas on Friday, June 14, 2013 | 1:43 PM



Dening Soedjarwo 

BASA Jawi menika sakalangkung raket gandheng-cenengipun kaliyan bab tatakrami, subasita, dalah unggah-ungguh. Panganggening basa Jawi ingkang sae kedah sinartanan trap-trapaning paugeran tatakrami, sopan-santun, lan unggah-ungguh. Panganggening basa Jawi ing pawicantenan boten cekap netepi paugeraning paramasastra kemawon. Paugeran utawi kaidah pragmatik ing basa Jawi nggadhahi ayahan ingkang wigatos.
Bab tatakrami, subasita, dalah unggah-ungguh wau saget dipuntingali wiwit pakecapaning tembung, intonasi, pamilih saha pengrimbaging tembung, dumugi pangiketing ukara. Paugeran paramasastra dalah paugeran pragmatik kedah sami-sami dipunugemi. Malah boten namung menika, solah bawa dalah polatan ugi kedah trep kaliyan undha-usuking basa (variasi) ingkang dipunangge. 
Inggih wontenipun paugeran bab unggah-ungguh dalah subasita wau ingkang njalari basa Jawi karaos boten gampil dipunsinaoni. Langkung-langkung tumrap generasi mudha, basa Jawi menika karaos angel, kekathahan aturan, boten praktis, lan boten demokratis.
Basa Jawi krama samenika sampun ragi awis kangge pawicantenan sadinten-dinten. Basa Jawi krama ingkang taksih asring kaangge inggih menika basa krama madya. Basa krama madya menika kaginakaken dening pamicara (01) kaliyan mitra wicara (02) ingkang srawungipun boten akrab, utawi kangge wawan rembag kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh nanging kalenggahanipun wonten masyarakat (status sosialipun) langkung andhap. Basa krama madya ingkang asring kangge pawicantenan ing peken tradisional, kirang trep saupami kanggo matur dhumateng priyantun ingkang kedah kinurmatan.
Kawawas saking basa krama inggil, krama madya mujudaken ragam ingkang "ragi risak." Kathah tiyang ingkang kajengipun badhe ngangge krama ingkang alus utawi krama inggil nanging ingkang kawedal basa krama madya.
Para mudha jaman samangke kathah-kathahipun namung saged ngginakaken basa ngoko lan krama madya. Kathah ingkang boten saged ngginakaken basa krama ingkang sae utawi krama inggil. Kathah ingkang dereng pana menggah cak-cakaning tembung: turu-tilem-sare; ma ngan-nedha-dhahar; lara-sakit-gerah; lu nga-kesah-tindak; mulih-mantuk-kondur; lan sapanunggilanipun.
Sedaya wau ugi boten nggumunaken awit basa krama ingkang sae sampun awis kaangge. Buku waosan saha kalawarti katahah-katahahipun ngangge basa ngoko. Awit saking kiranging pangertosan menggah cak-cakaning tembang ingkang salaras kaliyan unggah-ungguh, para mudha kathah ingkang lajeng milih basa Indonesia menawi matur dhateng pak dhe, bu dhe, embah, saha gurunipun. Kanthi makatem para mudha saya tebih kaliyan basanipun. Lajeng pundi ingkang dipunkawonaken: basanipun menapa ingkang ngginakaken basa? Menawi basanipun, inggih kajengipun basa Jawi kawontenanipun kados mekaten; dene menawi ingkang ngginakaken, inggih pasinaon basa Jawi kedah kita grengsengaken. Wasana sumangga. (c) 

Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger