Headlines News :
Home » , , , » WATAKE PANCA – RINGKES (RAKAM)

WATAKE PANCA – RINGKES (RAKAM)

Written By Paknetyas on Wednesday, October 16, 2013 | 1:30 PM

WATAKE PANCA – RINGKES (RAKAM)


1.       Nuju-padu, ala
2.       Kala-tinantang, ala
3.       Sanggar-waringin, becik, watak bisa ngayomi wangsane
4.       Mantri-sinaroja, becik, dene mantri ganep
5.       Macan-katawan, sedeng, watak keringan
6.       Nuju-pati, ala

KANGGONE PANCA-RINGKES (RAKAM)
(Kanggo ngedegake omah)

1.       Nuju-padu, ngedegna : Pawon
2.       Kala-tinantang, ngedegna : Kandang lan gedogan
3.       Sanggar-waringin, ngedegna : Masjid lan pamelengan
4.       Mantri-sinaroja, ngedegna : Omah mburi
5.       Macan-ketawan, ngedegna : Pandapa lan regol
6.       Nuju-pati, gaweya : Pager bumi lan jabung


Kanggo nikahan.

Manawa kanggo nikahan uga kena, nanging miliha : Sanggar-waringin, utawa : Mantri-sinaroja
Mungguh watake :
Sanggar-waringin : padang atine, lan karem marang ngelmu
Manri-sinaroja : ora kurang sandang pangan, yen manggaota pakoleh, lan sugih anak
Dumadine ana petung Panca-Ringkes (Rakam) iki, asal saka pepiridan lan besutan saka kahanane petung Panca-Suda Asli lan petung Panca-Suda ing Pawukon, kawangun ringkes.


5. WATAKING MANUNGSA MITURUT PAARASAN KALAIRANE


Petung Paarasan iku awewaton saka kumpule Neptuning dina lan pasaran (miturut petung Panca-Suda Asli). Manawa kumpule Neptu tinemu :

7.       Lakuning Bumi
8.       Lakuning Geni
9.       Aras-Peksi utawa Lakuning angin
10.    Aras-Petet utawa lakuning Pandita Sakti
11.    Aras-Tuding utawa Lakuning Syetan
12.    Aras-Kembang utawa Lakuning Jejodon
13.    Lakuning Lintang
14.    Lakuning Rembulan
15.    Lakuning Srengenge
16.    Lakuning Banyu
17.    Lakuning Bumi Gede
18.    Lakuning Geni Gede




Dene watak-watake kapratelakake ing ngisor iki.

7.       Lakuning Bumi, bayi lair watake : ameng-meneng, cugetan ati, tan darbe sanak, tur ketul pikire wong iku, rada kanggonan demen sembrana lan wong estri.
8.       Lakuning Geni, bayi lair watake : panas baranan, ambangun prang, panasten, drengki, akeh kang pinrangut, yen wadon sok anggung gawe bilahi
9.       Aras-Peksi utawa Lakuning Angin, bayi lair watake : meneng, mandita, omah-omah anggung alihan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane teranjalan nora jenjem budine.
10.    Aras-Petet utawa Lakuning Pandita Sakti, bayi lair watake : meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa,  jero nepsune, sok kena tinakonan, bisa  menyang padukunan, pamuwuse sok umuk wong iku, jenenge misuwur lantaran satra.
11.    Aras-Tuding utawa Lakuning Syetan, bayi lair watake : wani angambah ing wengi,  kendel, lan duwe dandanan kudu den dol kewala, lan calimut, melik marang  duweke tangga
12.    Aras-Kembang, utawa Lakuning Jejodon, bayi lair watake : tanderman lare  punika,  lan akeh sanake, linulutan marang jalma jalu lan estri, gampang lamun nggraita lan manggaota, nanging lamun omah-omah (laki-rabi, tegese duwe bojo)
13.    Lakuning Lintang, bayi lair watake : meneng, lembah manah, nanging tan darbe sadulur, tan duwe nepsu, lan betah  melek lamun wengi, adol basane  takdire dagang, yen duwe karep tan kena dipalangi.
14.    Lakuning Rembulan, bayi lair watake : sabarang panggaweyan bangkit, lan sedela bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang janma, ajembar budine, nanging sungkanan lan nora sugih.
15.    Lakuning Srengenge, bayi lair watake :  pamicarane manis, lan akeh ma’lume, asor yen aduwe padu, barang (apa-apa) kacipta, yen mangan tan kena ingaweran, kalebu cacad.
16.    Lakuning Banyu, bayi lair watake : ing tembe lare punika sok parentah samining jalmi, keras budine lan padune ika, nora gelem yen  kurang mangan, jembar polatane yen omah-omah (laki-rabi) nanggung tukaran, lamun tan jodo jinawi.
17.    Lakuning Bumi Gede, bayi lair watake : yen manggaota sok niwasi, tan duwe sanak, nanging kandane yekti nyata.
18.    Lakuning Geni Gede, bayi lair watake : panas baranan, ketuke angliwati, clatune ukur menga, ora  nyawang polataning wong,  juwet guyune, yen nepsu ora  lana, padune wong jireh.
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger