PAUGERAN KAWITANING DINA LAN PASARAN KANG DADI ASAL USULE
NEPTUNING DINA LAN PASARAN
1.
Wasesa-sagara
Budi
kang winengangake anggayuh kaluhuraning ngaurip ana ing alam donya
iki.
2.
Tunggak-semi
Pakartining
budi nuwuhake budaya, babaring budaya kang bisa dadi jalaran nembadani
gegayuhaning ngaurip ana ing alam donya iki.
3.
Satriya-wibawa
Kasembadaning
gegayuhaning ngaurip ana ing alam donya iki
4.
Satriya-wirang
Ngaurip
tansah enggone marsudi marang kautaman, supaya sajroning uripe ora nganti tumiba
ing nista kang anjalari nandang-wirang.
5.
Bumi-kapetak
Wekasaning
ngaurip ana ing alam donya iki
6.
Lebu-katiyuh-angin
Wekasaning
ngaurip kang tanpa tilas
I. Petung
Panca-Suda Asli
Babaring
pengawikan kang tuwuh saka purba wasesaning budi, sayekti tilar
tilas.
Katrangake
kaya ing ngisor iki:
·
0+1
0=
Sabtu: wekasaning dina, jumeneng wasesa, tegese:
mekasi, wekasaning pinter saka bodo, iya iku uga pakartining
budi.
1=
Legi: kawitaning pasaran, jumeneng purba, tegese:wiwiti, kawitaning pinter saka bodo, iya iku uga pakartining
budi.
0+1=
- Sabtu Legi: wekasaning wuku
(Watugunung:nuju tumuruning Sri
Gati)
- Sabtu
Legi: wekasaing dina (wasesa) lan kawitaning pasaran (purba), kumpule dipralambangi :
Wasesa-segara, tegese : purba wasesaning budi, iya iku kawitaning ngaurip, wiwit
lair saka guwa-garbaning ibu, uwis kasinungan budi, kang maune bodo banjur dadi
pinter, iya budi iku kang winenangake anggayuh kaluhuraning ngaurip ana ing alam
donya iki.
·
1
+ 1
Antarane
:
0 + 1 karo 1 + 2, iya iku antarane : Wasesa-segara karo Satriya-wibawa, utawa
antarane : Purba wasesaning budi karo Satriya kawasa mardika, tengah-tengahe
dipralambangi : Tunggak-semi, tegese wit urip nuwuhake urip, iya iku pakartining
budi nuwuhake budaya, iya saka
babaraning budaya iku kang bisa dadi jalaran nembadani gegayuhaning ngaurip ana
ing alam donya iki.
·
1
+ 2
1
= Ahad: kawitaning dina, uga kawitaning wuku, jumeneng
purba, tegese miwiti.
2
= Paing :
kawitaning wuku (Sinta), jumeneng kawasa, tegese :
wenang.
1
+ 2 = Ahad Paing ; kawitaning wuku Sinta, jumeneng kang
kawasa.
1
+ 2 = Kawitaning dina (Purba) lan kawitaning wuku Sinta (kawasa), kumpule dadi : kang kawoso, dipralambangi : Satriya-wibawa, tegese :
Satriya kawasa mardika, iya iku kasembadaning gegayuhaning Satriya utawa ngaurip
ana ing alam donya iki.
·
2
+ 2
Antarane
: 0 + 1 karo 1 + 2, iya iku antarane : Satriya-wibawa karo Bumi-kapetak, utawa
antarane: Satriya kawasa mardika karo Wekasaning ngaurip anemahi pati, iya iku
antarane: kawasa karo apes, tengah-tengahe dipralambangi : Satriya-wirang,
tegese: Satriya nandang wirang, wiranging Satriya yen kongsi tumindak nista,
mungguh ing atase Satriya, pilih anemahi pati tinimbang karo urip
anandang wirang, ewadene sanadya pilih anemahi pati, patining Satriya
tetep ngrungkebi utama, mulane para Satriya utawa ngaurip kang wis luhur
derajating kamanungsane, pada tansah enggone marsudi marang kautaman,
supaya sajroning urip ora nganti tumiba
ing nista kang anjalari nandang wirang, nganti tumeka wekasaning urip anemahi
pati, tetep mantep enggone ngrungkebi kautaman.
·
2
+ 3
2=
Senen
3=
Pon Senin
Pon
Senen
Pon Aryang Sinta, iku dina nuju Sampar wangke utawa Ringkel – jalma, tegese : apesing manunsa, dipralambangai : Bumi-kapeteak,
tegese : bumi kapendem, iya iku nasiring manusa kang asal saka bumi, dumadi
badan wadag, yen wis tumeka wewangene, badan wadag iku kapetak ing bumi iya iku
wekasaning ngaurip ana ing alam donya iki. Ananging mungguh ing jiwane,
kapriye? Iya awit saka anane patakaonan kang mangkono iku,
kang banjur nuwuhake panggraitaning ngaurip sumedya ambabarake
pangawikan.
·
3
+ 3
Antarane
:
2 + 3 karo 3 + 4, iya iku antarane : Bumi-kapetak karo Laire Panca-Suda Asli,
utawa antarane : Wekasaning ngaurip anemahi pati karo Babaring pangawikan kang
tuwuh saka purba wasesaning budi, iya iku antarane: tanpa-tilas karo
tilar-tilas, tengah-tengahe dipralambangi : Lebu-katiyub-angin, tegese:
tilasing ngaurip mung kaya bledug katut
ing anging, tansah ngregedi papan kang suci. Sarehne ana pralambang kang
surasane kaya mangkono, mulane para Sujana lan Sarjana utawa ngaurip kang wis
luhur-derajating kamanunsane, pada tansah enggone marsudi marang pengawikan lan
kautaman, supaya
ngaurip tumekaning pati anaa tilase becik, netepi bebasan :
patining sima atinggal carma, balik patining janma atilar asma, iya iku janma
utama.
·
3
+ 4
3=
Selasa
4=
Wage Selasa
Wage
Selasa
Wage : kawitaning petung Panca-Suda Asli, iya iku babaring pengawikan kang
tuwuh saka purba wasesaning budi, kang
dadi mula-bukane ana petung Neptuning dina lan pasaran, kang banjur kanggo
patokan metung petungane petung-petung sakalir, kang kelumrah tumindak ana ing
nusa Jawa.
Dene
Tembung “Neptu” iku asale saka tembung Arab, “Naptu” tegese: Cecek”, minangka
tetengering
wilangan. Dek ing kunane, tetengering wilangan iu arupa cecek,
upamane dina Selasa, iku yen kawilang saka dina kawitan, iya iku Ahad : 1,
Senen:2, Selasa:3, tinemuning wilangan dina Selasa iku tiba dina kang kaping 3,
tengere cecek telu (:.):
dene pasaran Wage, iku yen kawilang saka
pasaran kawitan, iya iku:
-
Legi
:1
-
Paing: :2
-
Pon
:3
- Wage :4
tinemuning pasaran wage iku tiba pasaran
kang kaping 4, tengere cecek papat ( ::
): dadi dina Selasa Wage tengere cecek utawa neptu :.
/ ::
Ana dene Neptuning dina lan pasaran,
neptuning, neptuning dina wiwit neptu 4 nganti tumeka 9, lan neptuning pasaran
wiwit neptu 5 nganti tumeka neptu 9, iku
tatanane ora katurutake saka kawitaning dina (Ahad) lan kawitaning
pasaran (Legi), ananging muhung miturut purba wasesaning budine Sarjana kang
nganggit petung Panca-Suda Asli, awewaton pangawikan 3 prakara, iya iku
:
1.
Dina pitu 7 7 x 5=35
2.
Pasaran lima
5 =6, 6, 6, 6, 6, 6, 5.
3.
Petung nem 6
kabage
dadi 2 angkatan wilangan bali kawitan :
wilangan
1 1 : Wasesa-segara 1 + 5
=6
wilangan
2 2 : Tunggak-semi 2 + 4 =6
wilangan
3 3 : Satriya-wibawa 2 + 3
=5
wilangan
4 4 : Satriya-wirang 3 + 3 =6
wilangan
5 5 : Bumi-kapetak 4 + 2
=6
wilangan
6 6 : Lebu-katiyub-angin 5 + 1
=6
katurutake
dadi 12 wilangan, 7 tumeka
18:
wilangan
7 13 :
Wasesa-segara
wilangan
8 14 :
Tunggak-semi
wilangan
9 15 :
Satriya-wibawa
wilangan
10 16 :
Satriya-wirang
wilangan
11 17 :
Bumi-kapetak
wilangan
12 18 :
Lebu-katiyub-angin
Awit
saka pamoring pangawikan 3 prakara iku, banjur dumadi petung Panca-Suda Asli,
kang uga nglairake etung Neptuning dina lan pasaran kaya ing ngisor
iki
:. Selasa :: Wage
:: Senin ::.
Legi
::.
Ahad
Iya
iku mula-bukane ana petung Neptuning dina lan pasaran,
kang banjur kanggo metung petungane petung-petung sakalir, kang kelumrah ana ing
nusa Jawa.
Tinemu
wewadine, saka pamarsudine
R.
TANOJO
Surakarta,
15 Juli 1948
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !