Headlines News :
Home » , , , , » Sesorah Pranatacara /Pranata Adicara Penganten

Sesorah Pranatacara /Pranata Adicara Penganten

Written By Paknetyas on Wednesday, November 20, 2013 | 2:32 PM


SesorahPranatacara/PranataadicaraPengantin

Nuwunkulanuwun. Panjenenganipun parapepundhenparasesepuhparapinisepuh ingkang hanggungmastuti dhumateng pepoyaning kautameningkang pantes pinundhi-pundhi sahakinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabikmugi tinebihna ing laduni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan.Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandhasaperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahanprasaja ing ratri kalenggahanpunika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja puji santhi wontenngarsaning Gusti Ingkang MahaSuciingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesangwonten madyaning bebrayan agungKatitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawulasaengga kita saged hanglonggaraken penggalihhamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punikasaperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Sugiman sakulawangsa anggenipunhanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwitetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putriwondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
  1. Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putrid mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
  2. Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
  3. Tri laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhi wadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
  4. Catur laksitagati nderek mangayuh bagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
  5. Panca laksitagati atur pangbagya harjo panjenenganipun ingkang hameng kugati katur sagung para tamu
  6. Sad laksitagati adicara Bubak Kawah, pun lajengaken Mirunggan / Penutup.
    Paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicarapawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipunkeparenga para tamu pinarak wontening palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih,miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambing laras rarasing gending2 jawi.
Nuwunnuwunmaturnuwun.
Nb. : Nami Besan = Bp. Romli / Ibu Marwa
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger