Headlines News :
Home » , , , » ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

Written By Paknetyas on Friday, June 21, 2013 | 12:58 PM



ANA KIDUNG RUMEKSA ING WENGI

  1. Ana kidung rumeksa ing wengi,
    teguh hayu luputa ing lara,
    luputa bilahi kabeh
    jim setan datan purun
    paneluhan tan ana wani
    miwah panggawe ala
    gunaning wong luput
    geni atemahan tirta
    maling adoh tan ana ngarah ing mami
    guna duduk pan sirna
  2. Sakehing lara pan samya bali
    sakeh ngama pan sami miruda
    welas asih pandulune
    sakehing braja luput
    kadi kapuk tibaning wesi
    sakehing wisa tawa
    sato galak tutut
    kayu aeng lemah sangar
    songing landak guwaning wong
    lemah miring
    myang pakiponing merak
  3. Pagupakaning warak sakalir
    nadyan arca myang sagara asat
    temahan rahayu kabeh
    apan sarira ayu
    ingideran kang widadari
    rineksa malaikat
    lan sagung pra rasul
    pinayungan ing hyang sukma
    ati Adam utekku baginda Esis
    pangucapku ya Musa
  4. Napasku nabi Ngisa linuwih
    nabi Yakup pamiyarsaningwang
    Dawud suwaraku mangke
    nabi Brahim nyawaku
    nabi Sleman kasekten mami
    nabi Yusuf rupengwang
    Edris ung rambutku
    baginda Ngali kulitingwang
    Abu bakar getih daging
    Ngumar singgih
    balung baginda Ngusman
  5. Sungsumingsun Patimah linuwih
    Siti Aminah bayuning angga
    Ayup ing ususku mangke
    Nabi Nuh ing jejantung
    Babi Yunus ing otot mami
    netraku ya Muhamad
    pamuluku Rosul
    pinayungan Adam Kawa
    sampun pepak sakathahe para nabi
    dadya sarira tunggal.

    ( Oleh : Sunan Kalijogo)


Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger