
Home »
Sastra Jawa
,
Seni dan Sastra
,
Tuladha Aturipun Pranata Adicara wontening Salebetipun Swasana Mirunggan
,
Tuladha Pranata Adicara ing Pahargyan Lamaran
» Tuladha Aturipun Pranata Adicara wontening Salebetipun Swasana Mirunggan
Tuladha Aturipun Pranata Adicara wontening Salebetipun Swasana Mirunggan
Written By Paknetyas on Saturday, September 13, 2014 | 1:13 PM

Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala.
Namung panyuwunipun Bp. ....... (ingkang mengku gati) panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih miwah rama ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun matur nuwun.
Related articles
- Tuladha Aturipun Pranata Adicara saksampunipun Pasrah Lamaran Ngancik Panampi
- Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sasampunipun Tata Adicara Pambagyaharjo
- PRANATA MANGSA ( aturan waktu musim kuno )
- Tuladha Aturipun Pranata Adicara ndungkap Paripurnaning Gati
- Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Tanggap Wacana (menawi wonten)
- Tuladha Aturipun Pranata Adicara Salebetipun Liru Kalpika
0 comments:
Speak up your mind
Tell us what you're thinking... !