Headlines News :
Home » , , , » WATAKING MANUSA MITURUT AKSARA SIRAHING JENENG

WATAKING MANUSA MITURUT AKSARA SIRAHING JENENG

Written By Paknetyas on Wednesday, October 16, 2013 | 1:32 PM

WATAKING MANUSA MITURUT AKSARA SIRAHING JENENG

Subekti, Suwarni, Syayid, Sa'adah, lan liya liyane sapanunggalane maneh, utama yen nganggo karujukake karo wiji-wijining ciptane wong tuwane (wuku), apa dene kapakolehake karo Palintangane, sarta Pancasudane. (Petung Palintangan bakal katerangake ing mburi).



AKSARA


KATERANGAN


WATAKING
HA
Akeh wiraganing wong, bremara anglentreh, kentir dening maruta.
Tan kena kaungkulan budi, tan kena pinoyokan, yen kabeneran lilan, yen nepsu kaya denawa, tanpa kering, wani lampus, iku prayoga
NA
Nangling sang wireng munggeng yuda, sura menempuh matyeng laga.
Yen angucap kaduk wani, ngatokake ing nepsune, tan kena ingampah sapadaning wong lan para deduwurane wani lampus barang pikire ika.
CA
Catur parangmuka tumempuh kadya tan kalok ing panancang.
Lamun estri cendala, kumedep marang wong lanange, apaprentah purun, rumaket maring sanak, ora kena saru maring sanak, yen aluput wani nyaru, pada sapangarepane kang luput mau.
RA
Rata sempal kedekan jagade kentir gumuruh.
Pinter ririh putungan aten, yen nepsu gelis lejare, sembrana parikena, para lucu nora nyenyengit, bisa manis pamicarane, juweh  ing pamikire
KA
Kongkang muninja mangeleng, kadya pamrih kiwul.
Ladak peksa ririh luwih yen den umpak, mucu-mucu kaya wudun meh macotot, lan para wadulan sabarang bangsa pikir, lan cengkre padu.
DA
Daliwara liweran munggeng rana, kang turangga tumameng yuda, nempuh sura matyeng ngalaga.
Eseman yen angling, bebudene momot, gegatokane madon, lugune raben pikir.
TA
Tawang pandita mumbul ngawiyat.
Nawang-nawangake pikir, lan wasising ati cecegan pangucap, ora kena ujar luput, kudu amaoni, titine layang Endraswara iki.
SA
Satmata tanggal sapisan, saliring kawi sreping kadaton.
Wasis sabarang kardi, lembut budine, madya kuwanene, lemes bisa kaku bisa, saking adoh  manis, yen celak kaku pikire iku.
WA
Wukir malela  kadi cemara sewu wuluh gading.
Angkuh nyenyengit pangucape, lan kawonan, trekadang kawongan macan, yen memitra nora lana, tani buteng kaku pikirane, yen rujuk wetone sasi.
LA
Liweran mati, salirane, tangkepnya mamrih angkuh, tejanya makuwung
Duwe kaku yen asesanakan, ora lana ana pangarahe, yen nepsu lir denawa, carobo pikirane, lan para pangancarobo.
PA
Punggeling kang buron ranu amangsa gundik.
Cugetan aten, tan kawetu ora lana, yen wong wadon larang anak, pikire carobo murang sarak, busuk ngaku pinter, luput maring biyung wekasane ala tobata.
DA
Da guna lena anguwuh ing banyu, ontrag tenaga ira.
Susahan aten, guna ririh pangarep sabar, yen wus putung ora bisa pulih pikire, namung akas adangan marang pagaweyan, nora  pilih gawe maju pikir
JA
Jaliwara sang narpati manah sarira, amengkul kedudunging teja lan tatit.
Alembut budine, anawang dene kagungan, ingkang sikir kendel regu ambeke, aniteni sabarang pikir, ingkang ala becik
YA
Ya giri amenggaha miliha atine, tansah kewuhan.
Anglengus goragoda, susahan aten, yen weweh sok masgul, anganggo wicara saru, yen wong wadon luwih ala.
NYA
Nya gede menggah mungguha, katah ewaning ati.
Gumingsir gumisa kumawi micara, batine bodo cupet pikire, lamba kurang duganing praja, trekadangan calimut, doyan mangan tur imul.
MA
Ma gelunging jadag kadi dedaren ngayap, sami  manembah.
Gede atine jembar budine, mantep ing pakewuh ora gumingsir yen prayayi kumawawa, pangrasa jagad ginulung kabeh, kaya ginegem pangrasane.
GA
Gajah gading kagiri-giri, matreping ngalaga pamukira.
Kageden aten, sugih napsu barangasan, nanging gelis  lejare, loma boja rongeh pikir, yen rabi kudu lola salah sawiji, bapa biyunge lan ana cacade.
BA
Binuncang parang rejeng, dinulu andalenming pinaran ambayani.
Yen wong wadon geden ati, yen ala kaliwat alane, sinawang sri-gunung, saking tebih sae, cinelakan ala keh cacade, luwih ala pikire.
TA
Tatit mandra-guna  nguwuh kalbunya tan kewran.
Bodo nanging elingan, yen pinter munggah umpakan, sajatine busuk atine iku, rada murang sarak marang wong tuwane,  lanang wadona ala pikire.
NGA
Ngongkang kadya cemara gigis, kewraning galih.
Iya bodo nanging elingan, sejatine kotong, lan nduweni pikir butarepan, marang bojo, marang panganan iku murka saen, iku wong ala
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger