Headlines News :
Home » , , , , » Butir-butir Budaya Jawa

Butir-butir Budaya Jawa

Written By Paknetyas on Friday, June 14, 2013 | 11:53 AM



Butir-butir Budaya Jawa kaperang dadi loro, arupa:
1. Pituduh
2. Wewaler

Loro-lorone ngandhut 6 perkara:
1. Ketuhanan Yang Maha Esa
2. Kerohanian
3. Kemanusiaan
4. Kebangsaan
5. Kekeluargaan
6. Keduniawian

A. Pituduh
I.  Pituduh kang magepokan karo Ketuhanan Yang Maha Esa, kena kaperang  dadi 5 butir:
  1.        Pangeran (Tuhan) iku siji lan nyawiji, ana ing endi-endi papan, langgeng, sing nganakake jagad
           sak isine, dadi sesembahan ing sadengah makluk,   nganggo carane dhewe-dhewe.
  2.        Pangeran iku ana ing ngendi-endi papan, aneng sira uga ana Pangeran, nanging aja sira 
           wani-wani  ngaku Pangeran.
  3.        Pangeran iku Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
  4.        Pangeran iku nitahake sira lantaran biyungira, mula kuda sira ngurmati marang biyungira.
  5.        Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener  mungguhing Pangeran  lan Saka
           kang lagi kuwasa.     
                 
II. Pituduh kang magepokan karo Kerohanian ana 5 butir:

  1. Ketemu Gusti (Tuhan) iku lamun sira tansah eling.
  2. Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng)
  3. Kahanan donya iku ora langgeng mula aja ngegungake kasugihan lan drajatira, awit samangsa ana wolak-waliking jaman ora ngisin-isini. 
  4. Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
  5. Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.

III. Pituduh kang magepokan karo Kemanusiaan, kena kaperang dari 37 butir-butir:
    
  1.      Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
  2.      Manungsa sadrema nglakoni, kadya wayang saumpamane.
  3.      Jer basuki mawa beya.
  4.      Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe.
  5.      Sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan.
  6.      Ngundhuh wohing pakarti.
  7.      Ajining dhiri dumuning ing kumedaling lathi lan budi.
  8.      Yitna yuwana lena kena.
  9.      Becik ketitik ala ketara.
  10.      Janma tan kena kinira, nanging wenang kinaya ngapa.
  11.      Klabang iku wisane ing endhas. Kala jengking wisane ana ing buntut. Yen ula wisane ana ing
         cangkeme ula kang duwe wisa. Durjana iku wisane ing saranduning badan.
  12.      Mulat sarira tansah eling klawan waspada.
  13.      Sabeja-bejane kang lali, luwih beja kang eling klawan waspada.
  14.      Sing sapa salah seleh.
  15.      Nglurug tanpa bala
  16.      Sugih ora nyimpen.
  17.      Sekti tanpa aji.
  18.      Menang tanpa ngasorake.
  19.      Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
  20.      Mumpung anom ngudiya laku utama.
  21.      Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah.
  22.      Melik nggendhong lali.
  23.      Sing prasaja.
  24.      Percaya marang dhiri pribadi.
  25.      Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
  26.      Wong mati iku bandhane ora digawa.
  27.      Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
  28.      Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
  29.      Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
  30.      Perang tumrap awake dhewe iku lamun ora bisa meper hawa napsu.
  31.      Ngelmu iku kelakona kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamon ora ditangkarake lan ora
        digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
  32.     Turuten pituture wing tuwa.
  33.     Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake
        rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit).
  34.     Wong pinter nanging ala tumindake senenge karo wong ala.
  35.     Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena pituwase saka penggawene dhewe.
  36.     Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang   prayoga.
  37.     Wani ngalah luhur wekasane.

IV. Pituduh kang magepokan karo Kebangsaan ana 15 butir:

  1. Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya kanugran bangsa  kang andana warih.
  2. Negara iku ora guna lamun ora darbe angger-angger minangka pikukuhing nagara kang adhedhasar idikalbune manungsa salumahing negara iku.
  3. Kang becik iku lamun ngerti anane bebrayan agung, ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
  4. Negara bakal tenterem lamun murah sandang pangan, marga para kawula padha seneng nyambut gawe lan ana panguwasa kang berbudi bawa leksana.
  5. Wadyabala kang seneng kawula alit iku dadi senengane para kawula  sajroning praja, gawe kukuh sarta tamenging negara.
  6. Para mudha aja ngungkurake kawruh kang nyata, amrih karya ungguling bangsa lan bisa gawe rahayuning sasama.
  7. Panguwasa iku kudu gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa kawula ngrebut negara.
  8. Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disuyudi wadyabalaning negara.
  9. Lamun sira dadi wadyabalaning negara, aja sira dhemen kuwasa dhewe, jalaran ing tembe bakal ana wong kang  ngalahake sira, yen sira wus ora  kasinungan maneh. Dene wadyabala kang kepengin kuwasa marga sing mengku negara ora darbe watak ber budi bawa leksana, iku bakal dadi tetungguling  prajurit negara kuwi.
  10. Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andeng umpamane).
  11. Wataking manungsa iku kepengin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringi panguwasa miturut kersane Pangeran Pribadi.
  12. Janma iku tan kena kinira kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.
  13. Perang iku becik lamun tujuane nggayuh kamardikaning negara lan  bangsane, lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.
  14. Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosok baline yen wing becik kang kuwasa, kang besik iku kang ditindakake.
  15. Rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.


V. Pituduh kang magepokan karo Kekeluargaan kaperang ana 14 butir:

  1. Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.
  2. Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangeran. Ngabektiya marang wong tuwa.
  3. 3. Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanegara (trapsila, unggah-ungguh) lan tatakrama, ku sejatine dudu panutane putra wayah.
  4. Sing sapa seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedhaki nanging aja ditresnani.
  5. Sadumuk sanyari bumi ditohi pati.
  6. Mikul dhuwur mendhem jero.
  7. Ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.
  8. Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku saka katresnane putra lan mantu.
  9. Anak iku minangka terusane wong tuwa.
  10. Sayojana iku dohe sepuluh ewu depa, swara kang krungu nganti sayojana  aruming jeneng ngabar- ambar salumahing bumi.
  11. Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo manita kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang bisa gawe  senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang   becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonaki kawibawane.
  12. Tangga iku padha karo bapa biyung.
  13. Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki, nanging aja dimungsuhi.
  14. Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utawa bagus, yen  atine durjana, ora wurung disiriki liyan.

VI. Pituduh kang magepokan karo Keduniawian ana 9 butir:

  1. Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya, lan saka pametusejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu duwekeing liyang kang kawruhan sing duwe.
  2. Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake  kahanan batin.
  3. Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.
  4. Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.
  5. Wong golek kemakmuran iku ora kalebu kadonyan.
  6. Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.
  7. Wong urip aja tansah kepengin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa bisa gawe cilaka.
  8. Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman. Sing sapa ngegungake  bandhane, wirang lamun sirna bandhane.
  9. Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara lan mboyong putri.Nanging jaman iku wis ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing negara.



B. Wewaler

I. Wewaler kang megepokan karo Ketuhanan Y.M.E. ana 3 werna:

1. Aja ndhisiki kersa
2. Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bebendu saka Kang Murbeng Dumadi
3. Aja mung kelingan barang kang katon wae, seab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.

II. Wewaler kang magepokan karo Kerohanian
ana 4 werna:

1. Aja daebr pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik uga ana, ora beda karo manungsa
2. Aja lali saben ari eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeran.
3. Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.
4. Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe.


III. Wewaler kang megepokan karo Kemanusiaan ana 47 werna:

1. Aja lali marang kabecikaning liyan.
2. Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.
3. Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe
4. Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.
5. Aja gawe seriking ati liyan.
6. Aja golek mungsuh
7. Aja sira mulang gething marang liyan jalaran iku bakal nandur cecongkahan kang ora ana wusanane.
8. Aja ngumbar hawa napsu, mundhak sengsara uripmu.
9. Aja melik darbeking liyan.
10.Aja cidra ing janji
11.Aja dumeh
12.Aja kumalungkung
13.Aja kumingsun
14.Aja gumedhe
15.Aja ngrusak pager ayu
16.Aja dahwen
17.Aja drengki
18.Aja kuminter.
19.Aja ambeg siya.
20.Aja ngece wong ora duwe.
21.Aja kegedhen rumangsa.
22.Aja adigang-adigung-adiguna
23.Aja nggege mangsa
24.Aja nampik rejeki
25.Aja panasten.
26.Aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating demit.
27.Aja seneng yen dialem, aja sengit yen cinacad.
28.Aja lali piwulang becik.
29.Aja aweh kasekten marang durjana.
30.Aja lali marang kahanan kang marakake perang, jalaran yen sira tansah lali bakal tansah ana perang bae.
31.Aja selingkuh.
32.Aja seneng madon
33.Aja seneng main
34.Aja seneng maido
35.Aja seneng madad
36.Aja seneng nyaru
37.Aja bosenan/jelehan.
38.Aja nggebyah uyah padha asine
39.Aja dadi wong pinter keblinger
40.Aja mung tuwa tuwas
41.Aja golek menange dhewe
42.Aja gampang kelu ing swara
43.Aja taberi utangan
44.Aja seneng royal
45.Aja pisan nacad liyan, ora ana wong kang ora cacad
46.Aja wedi marang penggawe becik, lan wani marang penggawe ala.
47.Aja seneng nggampangake.

IV. Wewaler kang magepokan karo Kebangsaan ana 2 werna:

1. Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, lan aja serik yen lagi ora darbepa nguwasa, jalaran kuwi ana
     bebendune dhewe-dhewe.
2. Aja mung kepengin menange dhewe kang bisa marakake arahing nagara lan  bangsa, kudu seneng
     rerembugan njaga  katentreman lahir batin.

V. Wewaler kang magepokan karo Kekeluargaan ana 3 werna:

1. Aja mung ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon mulya lan dhuwur drajade, jalaran sira iku
    asale saka wong tuwamu senajan kaya ngapa wujude.
2. Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku mau bisa sirna
     sadurunge sira pralaya.
3. Aja rumangsa bisa nanging ora bisa rumangsa



VI. Wewaler kang magepokan karo Keduniaan ana 4 werna:

1. Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajat lan pangkat iku perlu ning aja dipamer-
     pamerake, sebab bisa mlesetake awakmu dhewe.
2. Aja melik darbeking liyan, marga raja brana lan wanita iku bisa gawe congkrahing para sujana lan gawe
     nisthaning ati.
3. Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa
    lunga, pangkat bisa oncat.
4. Aja seneng marang wong kang lagi nguja hawa nepsu marga akeh bandhane,
    jalaran bandha mau bisa gawe cilaka amarga durung mesthi bandha mau barang kang resik.

Cathetan:
Butir-butir budaya jawa iki kaimpun saka buku-buku:
1. Wulangreh
2. Wedhatama
3. Nitisastra
4. Kalatidha

Uga saka wulangane:
1. Pangeran Samber Nyawa
2. R. M. Sosrokartono
3. Ki Hajar Dewantara
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger