Headlines News :

Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Pambagyaharja ing Pahargyan Lamaran.

Written By Paknetyas on Saturday, September 13, 2014 | 12:38 PM


Para lenggah kakung sumawana putri, ingkang sinuba ing pakurmatan, raos bombong miwah mongkoging manah, panjenenganipun Bp. ......... sekalihan ingkang mengku gati mboten saged kagambaraken ing mriki, madyaning pahargyan ing kalenggahan punika ing sedya badhe hangaturaken pambagyaharjo wonten ngarsa panjenengan. 

 Awit saking bombonging manah anggennya badhe matur amung kandheg wonten samadyaning jangka, ingkang punika minangka sulih sarira ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp. ............ wekdal kasumanggakaken, sumangga nun.
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger