Headlines News :

Tuladha Atur Pambuka Pranata Adicara Pasrah Panampining Lamaran

Written By Paknetyas on Saturday, September 13, 2014 | 12:35 PM



Bismillahirrohmanirrohim. Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri, kadang wredha ingkang winantu suka basuki. 

Mradapa keparengipun Bp. .................... sekalihan sumrambah para kulawangsa ing kalenggahan punika kula piniji pinangka pambiwara wontenipun upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran kinaryo jejangkeping tata cara salaki rabi. Namung saderengipun kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila sumangga nun kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Ingkang Maha Agung, karana ageng barokah saha rahmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya-dalasan-kula.

Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugilampahing adicara pasrah panami lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping palakrama tansah pinaringan rahayu tebih ing sambekala. Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparenga Pranata Adicara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing upacara pasrah panampi kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang rinantam para kulawangsa.

Tinarbuka atur pambagyaharja saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang sampun piniji. Atur lamaran miwah upakarti dening pangarsaning duta saraya pinangka sulih salira saking badhe/calon kadang besan. Atur panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ............. ingkang mengku gati. Kaleksananing adicara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap wacaran sawatawis saking pinisepuh ingkang tumuju dhumateng kasaenan (menawi wonten). Paripurnaning sedya hambok bilih ing mangke wonten pratanda saking kulawarga mingka paran para.

Makaten para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adicara pasrah lamaran ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka Waning penggalih para lenggah tansah henjenengi ngantos dumigi purnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger