Headlines News :

Tuladha Aturipun Pranata Adicara ndungkap Paripurnaning Gati

Written By Paknetyas on Saturday, September 13, 2014 | 1:15 PM



Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanakaken dening para kulawarga. Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati apanjenenganipun Bp. ....... sekalihan (mengku gati) raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumrambah para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp. ..... sekalian (mengku gati) tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan.

Kula minangka pambiwara, ugi hanglenggana karana kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten kalepatan kula, muga para tamu sadaya ngluberna pangaksama ingkang agung, calon temanten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu ......... miwah Ibu ......... tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati. Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanakaken para kulawarga, sesantinipun Bp. ...... sekalian (mengku gati) mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun ndherekaken suging.

Wabillahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaiku Wr. Wb. Katerangan: Saderengipun paripuna mbok bilih wonten atur pamitan saking duta saraya, atur tanggapan saking ingkang mengku gati menawi saged kaaturaken dening Pranata Adicara (kangge ngringkes wekdal).  
Share this article :

0 comments:

Speak up your mind

Tell us what you're thinking... !

Olah Rasa

Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
***
Jejering wanita utama saka kasetyane marang garwa ,dene ajining priya utama saka kaprawirane.
***

Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya, ora mikirake kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.
***

Wong kang ora weruh tatakrama udanegara (unggah-ungguh) iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem werna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, pahit.***

Sing sapa seneng ngrusak katentremane liyan bakal dibendu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
***
 
Support : Creating Website | | Paknetyas
Copyright © 2011. Blog Paknetyas - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Paknetyas
Proudly powered by Blogger